Kamis, 06 Desember 2012

KEMBAR MAYANG


Tradhisi Kembar Mayang: Kebak Pasemon Luhur, Isih Dipercaya Malati.

Adat ing masyarakat Jawa, saben ana palakrama racake ora bisa pisah karo sing jenenge kembar mayang. Produk kabudayan kang digawe saka debok, janur lan sawernaning godhong-godhong, direka nganti mujud kaya dene gunungan. 

Yen kadulu, kembar mayang duwe bentuk, fungsi lan estetika, sarta ngemu pralambang utawa pasemon kang slaras karo nilai-nilai ing paberayan. Pandulu kembar mayang saka estetika, katilik saka komposisi dasare kang katon pengkuh. Pasemone, calon panganten wis temen mantep anggone arep nglakoni urip bebarengan, cundhuk marang pranatan sosial ing lingkungane. Wujud kembar mayang sing kaya gunungan (wujud munggah), ngemu pralambang sesambungane manungsa marang Gusti Allah. Lire, tansah manembah lan bekti marang Gusti Kang Akarya Jagad. 

Kembar mayang uga ora bisa ucul saka prosesi madege. Tegese, wiwit nyamektakake sawernaning ubarampe kanggo gawe kembar mayang, uga proses anggone gawe (ana ing dhaerah, utamane ing padesan, proses gawe kembar mayang diarani kanthi istilah “tebusan” kembar mayang. Dene ing kraton kasunanan utawa sedulur-sedulurkang golek seserepan ing pawiyatan, istilah “tebusan kembar mayang” ora ana, ananging nganggo istilah “tumedhaking utawa tumuruning kembar mayang”). 

Kepriye sikep nalika gawe kembar mayang? Miturut keyakinane wong kuna, gawe kembar mayang kudu kanthi ati resik, ihlas, lan anggone gawe kanthi tenanan, tansah linambaran donga lan panyuwunan marang Gusti Allah.



Nganti tumeka sak iki (generasi), ora sithik sing percaya yen kembar mayang iku malati. Emane, percayane ya mung taklid, amarga padha keset anggone golek ilmu utawa seserepan sing sak benere. Akibate, akeh kang padha ora mudheng banjur nduweni rasa wedi nalika arep ngusung/ngangkat kembar mayang. Umpamane, ana wong kang ora sengaja nyenggol lan gawe rusake kembar mayang. Awit keweden saka sugestine dhewe, ora mokal njalari wong mau semaput, utawa girap-girap. Lha, kang kaya mangkene iki banjur digathuk-gathukke wong-wong sing ora ngerti juntrunge, marang bab-bab kang mistis. Apa bener mangkono? Banjur kepiye juntrunge kembar mayang? Ngapa saperangan umat Islam kaya-kaya “anti” marang kembar mayang minangka dekorasi ing tata cara manten (walimatul ‘urusy)?

Mbeset Werdi lan Pasemon kang Kamot ing Sekar Adi Kalpataru, Dewadaru lan Jayadaru

Sekar Kalpataru, Dewadaru, Jayadaru, uga winastan Sekar Mancawarna. Saweneh ana kang mastani Kembar Mayang. Ya puspa kang mangiring pinangka rerangken upacara saderengnya Sri Panganten nindakaken aqad nikah. Parandene rangkening upacara kaparagan dening rong bergada. Paraga kang mung sajuga, pinangka blegere Kyai Wasitajati, dene paraga kang ngiring pangombyong, sulih raga Kyai Sarayajati. Nenggih kocapa Kyai Wasitajati kang nuju lenggah siniwaka, sinowanan dening Kyai Sarajati sagotrah. Wigatosing pisowanan, Kyai Sarayajati nedya ngupaya Sekar Kalpataru, Dewadaru miwah Jayadaru. Tan cinarita wawanpangandikan ing antawisipun kekalih titah ingkang tuhu mahambeg luhuring budi. Mung cinandra dening Ki Dhalang, kang padatan binarung ungeling Gendhing Ladrang Mugi Rahayu Slendro Manyura, pinangka pangrengga:

"Lha punika Kyai Sarayajati sakadang ingkang ndaweg handon lelana angupadi Sekar Adi Kalpataru Dewadaru miwah Jayadaru, ingkang ugi sinebat Sekar Mancawarna utawi Kembar Mayang. Eling-eling wiwit timur mula Kyai Sarayajati hanggung ginunggung dhateng peoyaning kautamen. Marma sanadyan piniji ing gati ingkang tuhu awrat, paripaksa linampahan, esthininggalih, datan arsa wangsul mring wisma, lamun dereng antuk sarana ingkang den upadi awujud Sekar Mancawarna, ingkang samya humiring lampah salajur sisih jajar kalih, kawistingal ingkang aneng sawurining Kyai Sarayajati tuhu punika ingkang angampil baki isi sadak lawe, dene sajuga ugi ngampil baki kinarya wadhahing klasa bangka inggih tilam lampus. Sumusul ingkang aneng madya, paraga kekalih ingkang hanggung lumampah lonlonan ingkang satuhu minangka rowang ing samargi-margi dahat setya ing hubaya, ngetut satindake Kyai Sarayajati. Dene ingkang munggwing wuntat, kawuryan hamandhi lira, tuhu punika kinarya pusaka ing marga, amrih lulus raharja nilaya nirwikara. Ingkang sajuga ngampil songsong ingkang minangka jejangkeping sarana jroning samya lumaksana. Samana wus laju lampahe ingkang samya handon laku, enggaling carita wus ngancik padhukuhan Tegalsari lumarap ngarsaning sang parameng gati. Kagyat mulat Kyai Wasitajati nulya myat saking palenggahan gya hangacarani kang nembe prapta.

Tan cinarita wawan pangandikaning jalmi wegig kekalih. Wosing rembag Kyai Sarayajati harsa hanglamar Sekar Mancawarna dhateng Kyai Wasitajati. Namungkewala, karana winatesing seserepan bab werdi miwah pasemon kang akamot ing Sekar Mancawarna, pramila Kyai Sarayajati nalesih kanthi baka sawerdi pralambang ingkang tuhu dereng kapanan ing kalbu dhateng sang parameng gati nun inggih Kyai Wasitajati.

Kyai Wasitajati nulya hangudhar werdi kanthi wijang satala-tala. Dene werdi miwah pasemon kang kamot ing Sekar Mancawarna yen jinalentreh yayah kang gya winaos:

Oyodira sinebat Bayu Bajra, Deleging wandira sinebat Kayu Purwa Sejati, Pang-pangira sinebat Keblat Papat. Ronira sinebat Pradapa Mega Rumembe, Sekarira sinebat Dewadaru Jayadaru, Wohira sinebat Daru lan Kilat.

Oyod winastan Bayu Bajra Minangka pase¬mon kekiyatan. Lire Sri Panganten ing tembe kumedah kiyat lair trusing batos. Ing pangajab, gesange ing samangke tan gampil kasempyok ing aradan, kang tun¬dhone bisa nuwuhake rengka miwah ringkihing bebrayan.

Wit ingaran Kayu Purwa Sejati Werdine: Wiwiitaning urip mangun brayan linambaran kuwat miwah santosaning batin. Ingajab antuke bebrayan bisaa pinaringan kanugrahan katentreman, kalis ing rubeda, nir ing sagung sambekala.

Pang kang winastan Keblat Papat. Kang manglung mangalor sinebut Andong Birawangga, kang manglung mangetan sinebut Girang Puspandriya, kang manglung mangidul sinebut Janur Nurcahya, kang manglung mangulon sinebut Waringin Jati Laksana. Pasemone : Mugya ing tembe jumangkahe Risang Pinangantyan sarimbit miwah kabetahaning ngagesang pinaringan gampil, hengga pinter hanggayuh bagja miwah bagya mulya.

Ron sinebat Pradapa Mega Rumembe. Werdine: Gegambaran gumelaring antariksa ingkang kawistingal hangendhanu, pratandha yen arsa tumurun tirta, ya kang kawastanan toya jawah, ya kang tuhu binutuhaken dening sawe¬gung titah ing madyapada, kang jangkepnya kedah sinartan mitra kang awujud agni, maruta miwah bantala.

Sekar Puspa kang sinebat Dewadaru Jayadaru, lan Woh kang sinebat Daru miwah Kilat. Pasemon bleger pangawaking wanodya kang hanggung ginadhang, sawusnya winengku priya, pinter nuwuhake putratama putri utami. Nulya ginulawenthah murih bisa dadya jalma kang utama, wasis hanjunjung drajating ngasepuh gya kaloka kawentar ing ngakathah sinudarsana ing sasama. Sekar Mancawarna sinandhangan degan sajodho. Werdine: Pasemon tumrap Sri Panganten sarimbit, murih nggennya amangun bale wisma hanetepi jodho kang pinasthi, lire bisa silih sih-sinisihan pindha hanggane mimi kang nuju hamintuna, guyup¬rukun lair trusing batos, kawiwitan saking donya dumugi delahan. Dene isine degan yaiku tirta wening kang tuhu meneb. Pralampitane: Sri Panganten sarimbit den ajab bisa wening ing pamikir, meneb ing kalbu, makartining cipta, rasa miwah karsa, lire bisa jumbuh kang ginayuh sembada kang sinedya.

Panebus/Panumbas:

Nenggih pamboyonging Sekar Mancawarna, kedah sinartan sarana kang ginelung tri prakara pinangka panebus:
  1. Sadak Lawe sajodho
  2. Klasa Bangka/Tilam Lampus
  3. Kedah winangsulaken.
1. Sadak Lawe Sajodho:

Pasemone: Sri Pangantyan sarimbit nggennya amangun bale griya, mugya tinangsulan kalayan talining akrami kang awujud Pustaka Pikukuhing Palakrama, mila nulya kaiket dening marupi-rupi jejibahan kang tan kenging sinangga lamba. Jejering jalu, kedah hanetepi kuwajiban anggennya hamengku garwa, minangka rabine, dene pawestri ugi kinedah bekti mring kakung minangka jejering guru lakine.

Dene gantal utawi sadak kena pinangka sarana ngendi-kapan wenten kenya ingkang wus lungse mangka, kamangka dereng winengku ing kakung, den saranani kalayan sadak lawe kasebut, kaajab agya tumuli antuk jatukrama.

2. Tilam Lampus:

Tilam Lampus, kang arise sinu¬lam suket kalanjana iku tuhu pasemon gumelaring aurip. Lamun titah iku wus sampurna, ing uripe, mangka kedah hangambah talatah tataran tundha tiga, kang winastan "Triloka"; dene peprincene :
  1. Loka Pana: Ya jagad padhang jagading bayi ingkang nembe lair. Gegambaran yen titi wanci iku, titah kang nembe lair nyumurupi padhanging jagad.
  2. Loka Madya: Ya sinebut Jagad Kadiwasan. Titah kang wus wanci hangancik kadiwasan iku, kedah leladi marang uripe, candrane yayah Sekar Mijil kang gya manangkil:
Dipun esthi mrih darbe pribadi
kang geleng gumolong
mangun uripjejeging brayate
mring bebrayan bisa murakabi,
gung ing sasami bekti ing Hyang Agung
3. coka Baka: Hya sinebut Jagad Kalanggengan. Titah iku sanajan urip lana, yen wus tumeka titi wanci dhumawahing pasthi, wus tan bisa suwala. Mung kedah wangsul marang mula-mulanira, manjing jagad langgeng.

3. Kedah winangsulaken:

Yen wus paripurna wohing gati, Sekar Mancawarna, kedah winangsulaken ing pagan kang maligi ya ing catur dhendha/marga catur ya kang sinebut prapatan Nering pangesthi:
  1. Mbuwang sukertaning Sri Panganten sarimbit, murih sirna saliring memala, cinaket ing bagya mulya.
  2. Mangsulaken Sekar Manca¬warna, karana wus purna sawegung gati. Saderengnya binoyong Sekar Mancawarna, 
Binarung segahan Sekar Dhadhanggula kang kasugata:

Hanyarkara sinanggit mernanis
hangrumpaka Sekar Mancawarna
dahat endah ing warnane
warna-warna sinebut
kembar mayang dennya mastani
pranyata edi endah
nenggih kalpataru
mamet sengseming wardaya
Dewadaru Jayadaru edi peni
mustikaning puspita

Nut carita duk ing uni-uni
ila-i1a ujaring pra kina
gung pinundhi prapteng mangke
kembar mayang puniku
rinakit ing pra widadari
kinarya sung nugraha
satriya linangkung
ingkang asung bekti darma
labuh labet mring dewa kang
mahaluwih
hamberat sukertengrat

Kalampahan dumugi sapriki 
dadya srana kang apalakrama
mangka jangkeping pasrene
sinten kewala mantu
amiwaha atmajaneki
mahargya marang putra
ingkang nedya dhaup
parikedah kanthi srana
ubarampe wujuding puspita adi
winastan kembar mayang

Kang mangkana esthining panggalih
amrih bisa lestarl widada
sri pangantyan kekarone
jinangkung ing Hyang Agung
saniskara ingkang kaesthi
sembada kang sinedya
jumbuh kang ginayuh
guyup rukun ing bebrayan
sih-sinisihan panganten kakung myang putri
winantu bagya mulya

Makna Kembar Mayang dalam Ritual Pernikahan Jawa, Harapan Kalis ing Rubeda, Kalis ing Sambekala

Sawusnya kasil dhaup astra lumiyat, kaajab sri panganten sarimbit, nggennya amangun bale wisma ngupaya wastra boga, bisaa sembada kang sinedya, miwah jumbuh kang ginayuh, yayah Sekar Mijil kang gya manangkil: Dipun esthi mrih darbe pribadi kang geleng gumolong, mangun urip jejeging brayate, mring bebrayan bisa murakabi, guna ing sasami, bekti ing Hyang Agung...

DEMIKIAN salah satu bagian dari Sekar Mijil yang berisi wejangan kepada pasangan pengantin. Artinya, kira-kira sebagai berikut: Setelah melaksanakan pernikahan, diharapkan mempelai berdua, dalam membangun rumah tangga, serta mencari nafkah, semoga dapat hidup sejahtera, semua yang direncanakan dapat terwujud, seperti Tembang Mijil yang akan tersaji: Direncakan dengan penuh kesungguhan agar memiliki karakter dalam satu tekad bulat membangun hidup berumah tangga yang sentosa dalam masyarakat agar memberi manfaat dan berguna bagi sesama, berbakti pada Tuhan Yang Maha Agung.

Sebelum upacara pernikahan dilaksanakan, dalam masyarakat Jawa biasanya memang ada kegiatan ritual yang secara turun-temurun dilakukan, yaitu pembuatan sekar adhi kalpataru, dewadaru, jayadaru, yang sering disebut sekar mancawarna atau kembarmayang. Sekar Puspa yang juga sering disebut Dewadaru Jayadaru, serta Woh, yang disebut Daru dan Kilat, memiliki makna simbolis bahwa pengantin wanita memang benar-benar sosok wanita idaman, yang kelak memiliki keturunan yang tampan atau cantik dan berbudi pekerti luhur.

Dalam berbagai kepustakaan Jawa, makna simbolis sekar mancawarna tersebut adalah; akar (bayu bajra), pohon (kayu purwa sejati), cabang dan rantingnya (kiblat papat), daun (pradapa mega rumembe), bunga (dewadaru jayadaru), dan buah (daru miwah kilat).

Bayu Bajra sebagai perlambang kekuatan. Maksudnya Pengantin berdua nantinya hendaknya memiliki kekuatan lahir dan batin, dapat menghadapi kenyataan dan dapat mengatasi berbagai rintangan kehidupan, serta tidak mudah terkena berbagai pengaruh negatif dari luar. Kayu Purwa Sejati merupakan simbol bahwa permulaan hidup (wiwitaning urip) dimulai dari kesentosaan batin. Diharapkan nantinya mempelai dikaruniai ketenteraman dan kesejahteraan. Kalis ing rubeda, nir ing sambekala.

Selain itu, arah dahan atau ranting pohon bagi masyarakat Jawa tradisional juga memiliki makna filosofis dan simbolis empat arah mata angin (kiblat papat). Yakni utara, timur, selatan, dan barat, yang masing-masih memiliki penafsiran sendiri-sendiri. Kiblat Papat menunjukkan bahwa yang manglung mangalor disebut andhong birawangga, yang manglung mangetan disebut girang puspadriya, yang manglung mangidul disebut janur nurcahya, dan yang manglung mangulon disebut waringin jati laksana. Masing-masing arah mengandung makna pasemon sendiri-sendiri.

Ketika mempelai berdua mencari rezeki ke arah utara (mangalor) dipercayaan akan bertemu dengan andong birawangga atau kesenangan, kebanggan, kebahagiaan. Ketika mempelai mencari nafkah ke arah timur (mangetan), konon akan menemukan girang puspadriya? atau bunga yang menyenangkan. Artinya, bila mempelai mencari nafkah menuju arah timur akan memperoleh kedudukan yang membawa nama harum dan bisa dirasakan oleh seluruh kerabat dan keluarga.

Ketika Sang Mempelai mencari nafkah kearah selatan (mangidul), disimbolkan akan menemukan janur nurcahya atau sejatining nur. Cahaya yang menerangi kehidupan dan akan terhindar dari gelapnya kehidupan.

Ketika mempelai mencari nafkah ke arah barat (mangulon), konon akan ketemu dengan waringin jati laksana atau pohon beringin. Maksudnya, mempelai kelak akan mendapatkan jabatan atau kedudukan yang tinggi. Dengan katalain, cita-cita mempelai akan tercapai.

Sementara itu, ron (daun) juga disebut pradapa mega rumembe. Daun mengandung pasemon tentang suasana antariksa yang gelap, pertanda akan turun hujan. Pengantin diingatkan bahwa sewaktu-waktu alam sekitar akan terkena bencana yang berasal dari tirta (air), agni (api), maruta? (angin), dan bantala (bumi). Keempat anasir ini diyakini oleh masyarakat Jawa, tiak jarang menimbulkan berbagai bencana. Misalnya banjir, kebakaran, angin ribut, dan tanah longsor. karena itu, keempat anasir itu harus diberlakukan dengan bijak dan harus selalu diwaspadai.

Sekar mancawarna juga dihias dengan sepasang kelapa muda (degan sajodho). Ini juga merupakan simbol harapan agar Sri Pangantin sarimbit dapat membangun rumah tangga untuk hanetepi jodho kang pinasthi. Artinya bisa saling asih sih-sinisihan pindha mimi kang nuju hamintuna (rukun selamanya, lahir batin). Adapun air kelapa muda adalah lambang kesucian atau kebeningan (tirta wening kang tuhu meneb). Itu perlambang agar mempelai berdua bisa wening ing pamikir, meneb ing kalbu.

Sebelum sekar mancawarna diboyong, juga ada ubarampe yang merupakan simbol triprakara (tiga hal) yaitu sadak lawe sajodho (gulungan daun sirih dan benang lawe), klasa bangka atau ilam lampus (tikar yang sudah dipakai, dan kedah winangsulaken (harus dikembalikan).

Sadak lawe sajodho memiliki makna simbolis tali yang kuat dalam kehidupan berumah tangga. Tilam lampus (tilam lampus kang arise sinulam suket kalajana) untuk mengingatkan siklus gumelaring ngaurip yang terdiri tiga tahapan kehidupan, yaitu lokapana (alam bayi), lokamadya (alam dewasa), dan lokabaka (alam akhir). Hal itu seperti diuraikan Rama Sudi Yatmana (1988).

Kedah winangsulaken artinya, ketika upacara pernikahan sudah selesai (wus purna wohing gati), sekar mancawarna harus dikembalikan ke tempat yang khusus, biasanya di perempatan jalan (marga catur atau caturdhendha). Tujuannya, untuk membuang sukertaning penganten, agar terlepas dari berbagai marabahaya, dan didekatkan pada kebahagiaan.

Kapetik saking: Tuntunan Kagem Para Pranatacara lan Pamedhar Sabda, dening Rama Sudi Yatmana, 1988.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar