Rabu, 19 Desember 2012

CARANIPUN NGRACUT HAWA NAPSU

Nglampahi gesang ing satengahing bebrayan agung punika pancen gampil gampil awrat. Kawastanan awrat manawi pikiran punika kadhisikan ketliweng amargi kagubel ing hawa kamurkan lan napsu angsa-angsa. Kosokwangsulipun, kawastanan gampil manawi kita punika sampun saged menggalih klawan manah ingkang mardhika. Liripun boten sulap dhateng sorot gebyaring tata lair lan sasaged-sagedipun kedah sumingkir saking sadaya aling-aling ingkang ngalang-alangi jablasing pamawas ingkang wening. 

Inggih jablasing pamikir ingkang menep punika ingkang aran budi sejati, inggih punika dhaya pamikir ingkang hambabaraken wohing wawasan ingkang mulus, resik lan wening kadya toya, kalis saking sadaya rereged lan blenthoning si 'aku'. Bab punika ing jagading pewayangan cundhuk kaliyan wewatakenipun Sang Arya Bratasena ingkang resik lan wening kagambaraken kadya anting-anting apanunggul sotya maniking banyu, inggih punika tentreming batos ingkang dumunung wonten ing sireping karep. 

Kekajengan utawi karep punika kedah dipun sirep, tegesipun boten sisah tansah dipun turuti amargi kridhaning karep punika sayekti anglangut tanpa tepi, tebih saking pakeming urip sejati. Samangsa teksih dereng saged oncat saking anggenipun dados abdinipun kamelikan, punapa dene namung nuruti puwa-puwaning manahipun, tiyang punika gesangipun nglengkara manahipun badhe saged rumaos jenjem tentrem. Manawi kekajengan dipun uja tamtu boten bakal wonten mendhanipun kapara malah sangsaya ndadra tanpa wangenan. Lir pindhanipun kadya agni murub siniram lenga patra tamtu badhe tansaya awrat panyirebipun. Kawontenan ingkang kados makaten punika hanjalari kathah tiyang ingkang lajeng nyingkur dhateng Pangeranipun, sadaya polah tingkahipun sarwasarwi nyimpang saking kautaman. Sanadyan ta dedeg piyadegipun katingal gagah prakosa, nanging kabatosanipun sok kopong kadya kapangan bubuk [renget]. 

Tansah ngujeri iketaning kawaspadhan lan kaprayitnan batos ngadhepi kalamangsa ingkang kados punapa kemawon [kadosta mangsa bungah utawi manawi pinuju nandhang susah], punika dados sarat ingkang premana minangka sanguning tiyang anglampahi gesang ing satengahing bebrayan agung. Punapa malih manawi pinuju kesandhung lan kejeglong ing kawontenan ingkang boten damel renaning penggalihipun, adhakanipun jin setan iblis bekasakan sami jejogedan ngiming-iming kanikmatan ingkang sarwa ngenyutaken, nanging sejatosipun kebak duraka. Inggih kawontenan ingkang kados makaten punika ingkang lajeng dados sumber dunungipun tiyang ingkang gampil lirwa ing kaprayitnan lan wekasanipun dados batur ingkang tansah tutut marang pangojok-ojok nindhakake pakarti ingkang luwih dening nistha. 

Tiyang punika manawi kepingin gesangipun saged tentrem lan rahayu, prayoginipun samya anggadhahi sesipatan lan pandamel patang prakara inggih punika: 
  • Sepisan, Netepi wajibing ngaurip lan sumereb ing wates-watesing hak wewenangipun. 
  • Kaping kalih, Tumemening ati nyebabaken keplasing wawasan dados jembar lan padhang ngegla. 
  • Kaping tiga,enthengan nindhakaken amal, dedana dhateng sesami tumitah anebihi saking suprih pamrih pribadi. Dhasaripun sampun mengku keyakinan utawi piyandel manawi satingkah polahipun manungsa punika nadyan disingid-singidaken kados punapa kemawon tamtu kadenangan dening Gusti Kang Maha Ngawuningani. 
Ingkang pungkasan, welas asih. Sesipatan punika manjing ing alusing bebuden linambaran raos tresna lan remen ngaling-alingi cacading sanes amrih boten nandhang wirang lan rumeksa badhanipun piyambak sampun ngantos kawirangan ugi. Hewadene hawa napsu ingkang sampun kalajeng mubal punika boten waged dipun sirep kanthi kekerasan, rodha peksa, utawi dipun ampet punapa dene kanthi dipun legani. Bilih dipun ampet, temahan badhe mbledhos [muntab]. Bilih dipun prusa, temahan mingser gantos warni, manahipun tetep peteng, tambah reribed enggal ingkang tanpa wusana. Bilih dipun legani, temahan ndadi, ngambra-ambra. Nah rak boten gampil ta? Jalaran ingkang nglegani, ingkang ngampet lan ingkang ngrudha peksa punika inggih bangsanipun hawa napsu piyambak. 

Tuk, winih lan oyoting hawa napsu punika pun sayektosipun inggih 'aku' kita piyambak, inggih punika pun 'rasa pangrasa bisa apa-apa lan kuwasa apa apa' kita punika, ingkang thukul, semi lajeng ngrembaka jalaran pangantha-antha kita piyambak. Wagedipun sirep saestu, bilih 'latuning rasa bisa apa-apa, kuwasa apa-apa' ingkang dumunung wonten telenging manah kita punika, kita sirep kanthi raos andhap asor ingkang sakalangkung ngambang, mawi raos saking raos ingkang dumunung wonten ing telenging manah, adhedhasar boten ngemohi kanyataning lelampahan kita ingkang nedheng kita tampi. 

Ngrembag perkawis andhap asor, adatipun manungsa kepingin angsal papan  ingkang langkung inggil tinimbang tiyang sanesipun. Manahipun mongkog manawi angsal pangalembana saking tiyang sanes. Inggih watak ingkang ados makaten punika ingkang anjalari boten gampil anggenipun nglampahi gesang kanthi andhap asor. Watak makaten wau sejatosipun saged andadosaken manungsanipun gampil semplah kados blarak garing manawi kanyatanipun beda kaliyan kekajenganipun, laraping pasemonipun lajeng peteng lir pendah mendhung ngendhanu nguras sakehing pangimpen kang muspra. 

Boten kirang-kirang kadadosan ing ngalam donya punika ingkang rujak sentul, satunggal ngaler satunggal ngidul, trajang tinajrangan sander sinander. Kala-kala ngangge dhupak-dhinupakan lan sineling goco-ginoco, bithi-binithi, jotos-jinotos, dugang-dinugang, tendhang-tinendhang, srampang-sinrampang lan jejak-jejakan. Gesang punika pancen kebak pesaingan, tiyang sami mbudidhaya sageda ngawonaken tiyang sanesipun, mila boten aneh manawi jagad punika boten nate tentrem. Sadaya kedah katampi kanthi manah ingkang sabar lan jembar. Wong ngalah luhur wekasane. Kanjeng Nabi Muhammad nate dhawuh "Wong ngalah iku kelangan, nanging ngrasakake sarining rasa kang mulya. Wong ngalap menang iku antuk [oleh], nanging mung ngrasakake rasa kang mung sepele lan panas." 

Kawuningana bilih jihad ingkang paling utama punika merangi hawa napsunipun piyambak. Punika boten namung cundhuk kaliyan Hadist Riwayat Bukhari lan Muslim kados kacuplik ing ngajeng wau, nanging ugi saged dipun gathukaken kaliyan pangandikanipun Sang Resi Wiyasa saking pedhalangan Cintakapura. Kinten-kinten makaten ringkesanipun: 
Aja kaget para wayahku Pandhawa, kowe kabeh padha sumurupa. Aku nampa pralambang saka dewa, antarane Pandhawa lan Kurawa wus kaweca bakal manjing dadi satru bebuyutan. Ing mbesuk kowe bakal nemoni paprangan gedhi disekseni jagad gumelar sinebut Baratayuda Jaya Binangun." Sapa kang bakal menang, Mbah Wiyasa ? Pandhawa apa Kurawa ?" pitakenipun Harya Bimasena. Resi Wiyasa njawab ririiih biyanget: "Mangertiya ya ngger wecaning jawata, kang bakal unggul yaiku para satriya kang awatak sabar, santosa, lila, lan legawa. Mula wayahku, kowe kabeh bisoa nyirep hardhaning kanepson, dimen bisa uwal saka sambekalaning lelakon.
Teksih kalajengaken anggenipun Resi Wiyasa paring wejangan, ing ngandhap punika ingkang prelu dipun wigatosaken, makaten: 
Elinga ya ngger, tedhasing panggayuh mono kudu linambaran weninge karsa alelandhesan kadhewasaning kapribaden. Kowe iku satriya tedhaking narendra mara tapa lan turasing handhana warih. Ngrumangsanana lamun sira iku titahe Hyang Widhi Wasesa Tunggal. Kowe wajib sumungkem lan wedi, asih marang Sesembahanmu. Suwunen sih lan kamurahane kanthi nalongsa." "Poma den eling ngger, kasembadaning panggayuh mono ora mung cukup disaranani nangis lan donga wae. Hananging kudu kok udi kanthi anggelar nalar lan tumandhanging karya. Lamun kowe wis pana ing budhaya, dhuh ngger, ora-orane yen kowe kasoran, dak pepuji amrih kowe kang bakal unggul ing palagan Baratayuda Jaya Binangun.
Dados boten cekap namung luhur ing budi, nanging ugi kedah luhur ing pakarti. Boten cekap namung becik ing lambe, nanging ugi becik ing gawe. Boten namung kandheg ing wejangan, nanging ugi dipun kantheni tumandang. Boten namung wasis paring amanah, nanging ugi kebak tulusing pratingkah. Boten namung micara nanging ugi makarya. Cekakipun luhur njawi lan lebetipun, boten namung kandheg ing gagasan, nanging nuladhani ing sakabehing laladan. 

Gumolonging patrap kados ngendikanipun Resi Wiyasa wau saged nuwuhaken sikep madhep manteb lan jejeg netebi dhawuhing Gusti Kang Akarya Jagad sarta anebihi sadaya pepacuhipun, tansah eling lan saged nglarasaken tumindhak kaliyan kedale pangucap, angleluri watak sabar marang sakabehing pacoban ingkang tumiba, boten kepranan dhateng sakabehing gugon tuhon utawi anut grubyug, resik ing panyana, sepi ing pangira ala sarta lumuh ngupadi alaning liyan, lega lan narima dhumawahing pandum kanthi boten nglirwakaken sengkuting pambudi dhaya. Inggih sikep makaten wau ingkang saged mbikak olah kridhaning raos eling saged njegur tumut lelumban ing tatanan pasrah tanpa sumendhe dhateng resiking nalar lan pamikir. 

Saben tiyang sageda nindhakaken patrap kangge ngawekani laku supados jumbuh kaliyan gegayuhan sarta nuwuhaken katentreman lan karahayon, ingkang banget saged hambiyantu nuwuhaken larasipun bebrayan agung. Hewadene ingkang dados bibit lan sumbering grenjet murungaken sedya punika adatipun tuwuh saking remen ngendhe-endhe laku. Ngendhe-endhe nandhangi sabarang gawe njalari kencenging tekad tansaya dangu dados kendho, temahan nukulaken watak sungkanan, boten antepan lan kesed. Kesed marake turu kepati. Jeneng tanpa guna anggenipun sampun pinaringan nyawa boten nglenggahi wajibing ngaurip. Urip punika tegesipun rak tumandhang. 


Pembahasan Serat kekiyasanning Pangracutan

Serat Kekiyasanning Pangracutan salah satu buah karya sastra Sultan Agung raja atara ( 1613 - 1645 ) rupa-rupanya Serat Kekiyasaning Pangrautan juga menjadi narasumber dala penulisan Serat Wirid Hidayat Jati oleh R.Ng Ronggowarsito karena ada beberapa bab yang terdapat pada Serat kekiyasanning Pangrautan terdapat pula pada Serat Wirid Hidayat Jati. Pada manuskrip huruf Jawa Serat kekiyasanning Pangracutan tersebut telah ditulis kembali pada tahun shaka 1857 / 1935 masehi. Disyahkan oleh pujangga di Surakarta RONG no-GO ma-WAR ni SI ra TO = Ronggowarsito atau R.. Ng. Rongowarsito.

SARASEHAN ILMU KESAMPURNAAN

Ini adalah keterangan Serat Suatu pelajaran tentang Pangracutan yang telah disusun oleh Baginda Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma di Mataram atas berkenan beliau untuk membicarakan dan temu nalar dalam hal ilmu yang sangat rahasia, untuk mendapatkan kepastian dan kejelasan dengan harapan dapat dirembuk dengan para ahli ilmu kasampurnaan. 

Adapun mereka yang diundang dalam temu nalar itu adalah : 
  1. Panembahan Purbaya 
  2. Panembahan Juminah 
  3. Panembahan Ratu Pekik di Surabaya 
  4. Panembahan Juru Kithing 
  5. Pangeran di Kadilangu 
  6. Pangeran di Kudus 
  7. Pangeran di Tembayat 
  8. Pangeran Kajuran 
  9. Pangeran Wangga 
  10. Kyai Pengulu Ahmad Kategan 
1. Berbagai Kejadian Pada Jenazah 

Adapun yang menjadi pembicaraan, beliau menanyakan apa yang telah terjadi setelah manusia itu meninggal dunia, ternyata mengalami bermacam-macam kejadian pada jenazahnya dari berbagai cerita umum, juga menjadi suatu kenyataan bagi mereka yang sering menyaksikan keadaan jenazah yang salah kejadian atau berbagai macam kejadian pada keadaan jenazah adalah berbagai diketengahkan dibawah ini : 
  1. Ada yang langsung membusuk 
  2. Ada pula yang jenazahnya utuh 
  3. Ada yang tidak berbentuk lagi, hilang bentuk jenazah 
  4. Ada pula yang meleleh menjadi cair 
  5. Ada yang menjadi mustika (permata) 
  6. Istimewanya ada yang menjadi hantu 
  7. Bahkan ada yang menjelma menjadi hewan. 
Masih banyak pula kejadiaanya, lalu bagaimana hal itu dapat terjadi apa yang menjadi penyebabnya. Adapun menurut para pakar setelah mereka bersepakat disimpulkan suatui pendapat sebagai berikut : 

Sepakat dengan pendapat Sultan Agung bahwa manusia itu setelah meninggal keadaan jenazahnya berbeda-beda itu suatu tanda bahwa disebabkan karena ada kelainan atau salah kejadian (tidak wajar), makanya demikian karena pada waktu masih hidup berbuat dosa setelah menjadi mayat pun akan mengalami sesuatu masuk kedalam alam penasaran. Karena pada waktu pada saat sedang memasuki proses sakaratul maut hatinya menjadi ragu, takut, kurang kuat tekadnya, tidak dapat memusatkan pikiran hanya untuk satu ialah menghadapi maut. Maka ada berbagai bab dalam mempelajari ilmu ma’rifat, seperti yang akan kami utarakan berikut ini : 
  1. Pada waktu masih hidupnya, siapapun yang senang tenggelam dalam kekayaan dan kemewahan, tidak mengenal tapa brata, setelah mencapai akhir hayatnya, maka jenazahnya akan menjadi busuk dan kemudian menjadi tanah liat sukmanya melayang gentayangan dapat diumpamakan bagaikan rama-rama tanpa mata sebaliknya, bila pada saat hidupnya gemar menyucikan diri lahir maupun batin. Hal tersebut sudah termasuk lampah maka kejadiannya tidak akan demikian. 
  2. Pada waktu masih hidup bagi mereka yang kuat pusaka tetapi tidak mengenal batas waktunya bila tiba saat kematiannya maka mayatnya akan terongok menjadi batu dan membuat tanah perkuburannya itu menjadi sangar adapun rohnya akan menjadi danyang semoro bumi walaupun begitu bila masa hidupnya mempunyai sifat nrima atau sabar artinya makan tidur tidak bermewah-mewah cukup seadanya dengan perasaan tulus lahir batin kemungkinan tidaklah seperti diatas kejadiannya pada akhir hidupnya. 
  3. Pada masa hidupnya seseorang yang menjalani lampah tidak tidur tetapi tidak ada batas waktu tertentu pada umumnya disaat kematiannya kelak maka jenaahnya akan keluar dari liang lahatnya karena terkena pengaruh dari berbagai hantu yang menakutkan. Adapun sukmanya menitis pada hewan. Walaupun begitu bila pada masa hidupnya disertai sifat rela bila meninggal tidak akan keliru jalannya. 
  4. Siapapun yang melantur dalam mencegah syahwat atau hubungan seks tanpa mengenal waktu pada saat kematiannya kelak jenazahnya akan lenyap melayang masuk kedalam alamnya jin, setan, dan roh halus lainnya sukmanya sering menjelma menjadi semacam benalu atau menempel pada orang seperti menjadi gondaruwo dan sebagainya yang masih senang mengganggu wanita kalau berada pada pohon yang besar kalau pohon itu di potong maka benalu tadi akan ikut mati walaupun begitu bila mada masa hidupnya disertakan sifat jujur tidak berbuat mesum, tidak berzinah, bermain seks dengan wanita yang bukan haknya, semuanya itu jika tidak dilanggar tidak akan begitu kejadiannya kelak. 
  5. Pada waktu masih hidup selalu sabar dan tawakal dapat menahan hawa nafsu berani dalam lampah dan menjalani mati didalamnya hidup, misalnya mengharapkan janganlah sampai berbudi rendah, rona muka manis, dengan tutur kata sopan, sabar dan sederhana semuanya itu janganlah sampai belebihan dan haruslah tahu tempatnya situasi dan kondisi dan demikian itu pada umumnya bila tiba akhir hayatnya maka keadaan jenazahnya akan mendapatkan kemuliaan sempurna dalam keadaannya yang hakiki. Kembali menyatu dengan zat yang Maha Agung, yang dapat mneghukum dapat menciptakan apa saja ada bila menghendaki datang menurut kemauannya apalagi bila disertakan sifat welas asih, akan abadilah menyatunya Kawulo Gusti.  Oleh karenanya bagi orang yang ingin mempelajari ilmu ma’arifat haruslah dapat menjalani : Iman, Tauhid dan Ma’rifat.
2. Berbagai Jenis Kematian

Pada ketika itu Baginda Sultan Agung Prabu Hanyangkra Kusuma merasa senang atas segala pembicaraan dan pendapat yang telah disampaikan tadi. Kemudian beliau melanjutkan pembicaraan lagi tentang berbagai jenis kematian misalnya 
  1. Mati Kisas 
  2. Mati kias 
  3. Mati sahid 
  4. Mati salih Mati tewas 
  5. Mati apes 
Semuanya itu beliau berharap agar dijelaskan apa maksudnya maka yang hadir memberikan jawaban sebagai berikut :

Mati Kisas, adalah suatu jenis kematian karena hukuman mati. Akibat dari perbuatan orang itu karena membunuh, kemudian dijatuhi hukuman karena keputusan pengadilan atas wewenang raja. 
  1. Mati Kias, adalah suatu jenis kematian akibatkan oleh suatu perbuatan misalnya: nafas atau mati melahirkan. 
  2. Mati Syahid, adalah suatu jenis kematian karena gugur dalam perang, dibajak, dirampok, disamun. 
  3. Mati Salih, adalah suatu jenis kematian karena kelaparan, bunuh diri karena mendapat aib atau sangat bersedih. 
  4. Mati Tiwas, adalah suatu jenis kematian karena tenggelam, disambar petir, tertimpa pohon , jatuh memanjat pohon, dan sebagainya. 
  5. Mati Apes, suatu jenis kematian karena ambah-ambahan, epidemi karena santet atau tenung dari orang lain yang demikian itu benar-benar tidak dapat sampai pada kematian yang sempurna atau kesedanjati bahkan dekat sekali pada alam penasaran. 
Berkatalah beliau : “Sebab-sebab kematian tadi yang mengakibatkan kejadiannya lalu apakah tidak ada perbedaannya antara yang berilmu dengan yang bodoh ? Andaikan yang menerima akibat dari kematian seornag pakarnya ilmu mistik, mengapa tidak dapat mencabut seketika itu juga ?” 

Dijawab oleh yang menghadap : “Yang begitu itu mungkin disebabkan karena terkejut menghadapi hal-hal yang tiba-tiba. Maka tidak teringat lagi dengan ilmu yang diyakininya dalam batin yang dirasakan hanyalah penderitaan dan rasa sakit saja. Andaikan dia mengingat keyakinan ilmunya mungkin akan kacau didalam melaksanakannya tetapi kalau selalu ingat petunjuk-petunjuk dari gurunya maka kemungkinan besar dapat mencabut seketika itu juga. 

Setelah mendengar jawaban itu beliau merasa masih kurang puas menurut pendaat beliau bahwa sebelum seseorang terkena bencana apakah tidak ada suatu firasat dalam batin dan pikiran, kok tidak terasa kalau hanya begitu saja beliau kurang sependapat oleh karenanya beliau mengharapkan untuk dimusyawarahkan sampai tuntas dan mendapatkan suatu pendapat yang lebih masuk akal. 

Kyai Ahmad Katengan menghaturkan sembah: “Sabda paduka adalah benar, karena sebenarnya semua itu masih belum tentu , hanyalah Kangjeng Susuhunan Kalijogo sendiri yang dapat melaksanakan ngracut jasad seketika , tidak terduga siapa yang dapat menyamainya. 

3. Wedaran Angracut Jasad 

Adapun Pangracutan Jasad yang dipergunakan oleh Kangjeng Susuhunan Kalijogo, penjelasannya yang telah diwasiatkan kepada anak cucu seperti ini caranya: 
Badan jasmaniku telah suci, kubawa dalam keadaan nyata, tidak diakibatkan kematian, dapat mulai sempurna hidup abadi selamanya, didunia aku hidup, sampai di alam nyata (akherat) aku juga hidup, dari kodrat iradatku, jadi apa yang kuciptakan, yang kuinginkan ada, dan datang yang kukehendaki” 
4. Wedaran Menghancurkan Jasad 

Adapun pesan beliau Kangjeng Susuhunan di Kalijogo sebagai berikut : “Siapapun yang menginginkan dapat menghancurkan tubuh seketika atau terjadinya mukjijat seperti para Nabi, mendatangkan keramat seperti para Wali, mendatangkan ma’unah seperti para Mukmin Khas, dengan cara menjalani tapa brata seperti pesan dari Kangjeng Susuhunan di Ampel Denta : 
  1. Menahan Hawa Nafsu, selama seribu hari siang dan malamnya sekalian. 
  2. Menahan syahwat (seks), selama seratus hari siang dan malam 
  3. Tidak berbicara, artinya membisu, dalam empat puluh hari siang dan malam 
  4. Puasa padam api, tujuh hari tujuh malam 
  5. Jaga, lamanya tiga hari tiga malam 
  6. Mati raga, tidak bergerak lamanya sehari semalam. 
Adapun pembagian waktunya dalam lampah seribu hari seribu malam itu beginilah caranya : 
  1. Manahan hawa nafsu, bila telah mendapat 900 hari lalu teruskan dengan 
  2. Menahan syahwat, bila telah mencapai 60 hari, lalu dirangkap juga dengan
  3. Membisu tanpa berpuasa selama 40 hari, lalu lanjutkan dengan 
  4. Puasa pati selama 7 hari tujuh malam, lalu dilanjutkan dengan 
  5. Jaga, selama tiga hari tiga malam, lanjutkan dengan 
  6. Pati raga selama sehari semalam. 
Pati Raga

Adapun caranya Pati Raga adalah : tangan bersidakep kaki membujur dan menutup sembilan lobang ditubuh, tidak bergerak-gerak, menahan tidak berdehem, batuk, tidak meludah, tidak berak, tidak kencing selama sehari semalam tersebut. Yang bergerak tinggallah kedipnya mata, tarikan nafas, anapas, tanapas nupus, artinya tinggal keluar masuknya nafas, yang tenang jangan sampai bersengal-sengal campur baur. 

Perlunya Pati Raga

Baginda Sultan Agung bertanya : “Apakah manfaatnya Pati Raga itu ?” 
Kyai Penghulu Ahmad Kategan menjawab : “Adapun perlunya pati raga itu, sebagai sarana melatih kenyataan, supaya dapat mengetahui pisah dan kumpulnya Kawula Gusti, bagi para pakar ilmu kebatinan pada jaman kuno dulu dinamakan dapat Meraga Sukma, artinya berbadan sukma, oleh karenanya dapat mendakatkan yang jauh, apa yang dicipta jadi, mengadakan apapun yang dikehendaki, mendatangkan sekehendaknya, semuanya itu dapat dijadikan suatu sarana pada awal akhir. Bila dipergunakan ketika masih hidup di Dunia ada manfaatnya, begitu juga dipergunakan kelak bila telah sampai pada sakaratul maut.

Pembahasan 

pada umumnya orang salah mengartikan antara ngracut sukma dan ngraga sukma adalah sama, memang hampir sama tapi beda, ngraga sukma lebih bersifat jalan2 ke dunia astral, pergi ketempat jauh dengan badan halus kita dengan kata lain "wisata" dengan badan halus kita, tetapi ngracut sukma lebih bersifat melepaskan ruhani kita dari keterkaitan atau ketergantugan pada hal2 yg bersifat duniawi. pada hal teknis roh yg kita lepas pada ngraga sukma pada lapisan terluar, sedangkan pada ngracut sukma ruh yg kita "racut" pada level yg lebih halus atau pada lapisan lebih dalam, perlu diketahui bahwa ruh itu urusan Allah, manusia tiada mengetahui kecuali sangat sedikit, yang sangat sedikit itu pada hakekatnya sangat bermanfaat apabila kita mensyukuri dan tidak menyia-nyiakan walaupun sangat sedikit.

Hakekat terdalam manusia adalah Tuhan, tapi ini jangan disalah artikan bahwa manusia itu Tuhan, ini pendapat keliru!, hamba itu beda dengan Khalik, hamba itu bersifat serba terbatas, sedangkan sang Khalik bersifat maha dan tak terbatas, tetapi antara hamba dan sang Khalik ada titik temunya yaitu "roso" atau rahasiaNya yang berpusat di sanubari hamba paling dalam. Apabila hamba sudah sampai pada taraf sembah roso maka akan mempermudah hamba tersebut untuk manunggal dengan Gustinya.

Dalam kaitan dengan Serat kekiyasanning Pangracutan, laku2 yang terkandung didalamnya bersifat teknis untuk mencapai mati sajroning urip atau dalam terminologi islam disebut mukhlis atau ahli ikhlas. nah, inilah titik temu antara islam dan kejawen, sungguh ironis apabila ada orang mempertentangkan antara islam dengan kejawen, karena islam adalah Dien sedangkan kejawen adalah budaya, keduanya mempunyai dimensi yg berbeda, tapi banyak titik temunya


Tidak ada komentar:

Posting Komentar