PEMUT WARAH WULANG WELING I
Dhandhanggula
Yektine akèh kang angrasa urip,
Unjuk kawruh tan samya pirsa,
Pilih jalma sayektinè,
Yektos ngertos kang satuhu,
Tumrap urip kang den lampahi,
Purwa madya wasana,
Wecanipun tembung,
Bungah rasa kang ngukara,
Ngawuningi tyang kang karsa ngupadi,
Kawruh para minulya.
Mituhu piwulang kang wus jati,
Jati titi tinitah jalma,
Mawas papan ing uripè,
Umbul napsu wus tan wetu,
Wewèka sirna amung bekti,
Tinulad mring para samya,
Sami suka sayuk,
Sinuyudan putra wayah,
Wuwusing atur kapundi aji sami,
Myak angga amung mulya.
Mula dèn ngerti tinitah urip,
Urip linantaran biyung bapa,
Pinaring cahya kwasanè,
Kalabetken jroning nur,
Nur winadhahan dados urip,
Uripnya kasandhangan,
Manungsa lan aku,
Akunya pinaringan cipta,
Nalar rasa angen-angen lan pakarti,
Titisa jroning ngrasa.
Kawedaring ilmu kang sejati,
Sinandhang uga ing manungsa,
Sifat lan dat sandhanganè,
Rasa rumangsa amèlu,
Panca dria sandang pinaringan,
Pinaton jalma nyata,
Tinitah ing sinung,
Sisipa tembung tan katah,
Kawula amung ngluntur tutur sakdermi,
Sedya drona ing karsa.
Ambuka nyata jiwangga jati,
Titi tinulis alam pana,
Sastra samya sanyatanè,
Nètra rasa yèn andulu,
Dumadi piwulang piweling,
Pinda sanak lan mitra,
Asung sih lan dunung,
Titèn titi manungsa kang ngerti ilmi,
Tan sawyah ing sesami.
PEMUT WARAH WULANG WELING II
Titi yekti tinitah jalmi,
Tinulis titis pra winasis,
Tinatar kadadar ing jagad gumelar,
Tetepa tata laku utama,
Tapa brata dèn kanthi uga,
Tri nugraha ganjarannya,
Nadyan tan kabèh salah sawiji mesthi olèh,
Yèn tan bisa sira turunira,
Wis mesti tampa,
Anyegah sarè anapakakè suksma,
Makolèhi panjang yuswa, leksana, lantip rasa,
Anyegah dhahar anapakakè raga,
Ganjaranè sekti, singgih, sugih,
Suraning kasa unggahna ing suralaya,
Sura wani laya mati,
Titah ingkang wani mati ing laku,
Yekti dados mligi cipta teka kang sinedya,
Yèn ngarah kabegjan kudu mbirat pepènginan,
Pepènginan bisa sirna dènging kawicaksanan,
Kawicaksanan bisa teka kanthi gulang piwulang tama,
Tan ana laku kang ilang muspra,
Tan ana laku kang tanpa godha.
PEMUT WARAH WULANG WELING III
Ngumbar hardaning suka nglelèna rasa,
Suminggah nedya ing alam maya,
Mapanakè tekad kang tanpa mupakat,
Ngudi raga tan dirasa,
Sami ngunjuk tirta dahana,
Nalar tinilar rena nistha,
Tan pilih kutha punapa Dèsa,
Sami kèrem ing karemenan kang damel lingsem,
Sempoyong karobyong kakèhan omong,
Ompak rupak kapapak datan nyandhak,
Nyata ana kahanan kang dèn rasa,
Sapisan ngunjuk sumriongah katingalipun,
Kaping kalih abyor abrit kahananè,
Katelunè gagar nalar tan ngerti pakarti,
Kapatipun kadya wanara rebut tedha,
Teteping lima sura wani kang dèn rasa,
Sad ing ukara kakèhan wewèka tanpa guna,
Sapta nyata kadya kukila kakèhan swara.
Astha ngerti ing tata krama,
Munggahing sanga awak lungkrah sirna daya,
Dadining dasa buta buta mati mung nggegulani,
Nilar sami ing pakarti utami,
Minger saka wewaler kang bener,
Nerak sarak sisip tumindak,
Dahana murub jroning rasa,
Sipat jalma wus tan ana,
Ananing drubeksa lan sato wana,
Waliking jaman wus saya krasa,
Saya angèl amilah jalma lan sato wana,
Wawur kacampur wuwuh kampyuh wus tan weruh,
Wedya ing nistha lelana ing karsa,
Sanadyan tan rena nanging taksih manungsa,
Mangerti lan sinung ing cipta rasa lan karsa,
Sumangga samya nengga ing karsa.
PEMUT WARAH WULANG WELING IV
P a n g k u r
Sedya nya sowan ing ngarsa,
Nglelèna raga ngliyep nètra sinambi,
Mbikak rasa ngrakit tembung, temenè tan prayoga,
Praptakna rasabika myang kang ma luhur,
Longgarna rasa lan nalar,
Aja nilar tata krami.
Milanè yèn dèn upama,
Paringè sandhang tedhi ja disambi,
Bibar samya dados bingung,
Ngungkit anggit tan trima,
Mangertiya kabèh tan kena dèn singkur,
Datan bèda sèba raja,
Yekti tan nilar pakarti.
Tetep angga ing bawana,
Anyipta raga ngilangakè panganggit,
Anggonè rasa mung hayu,
Unggul ing tata napas,
Pasrah sumarah kanthi tutur kang turut,
Tumandhuk kang Maha Mulya,
Yektènana jroning ati.
PEMUT WARAH WULANG WELING V
A s m a r a d a n a
Ěwuhnya jaman puniki,
Kusem tilar kesaènan,
Krasa lingsem tindak saè,
Suka samya tindak nistha,
Amung lumban ing sukan,
Sukèng manah yèn aweruh,
Abyoring donya ing warna.
Wadon wus tan duwè wadi,
Wanita nilar susila,
Lali marang kwajibanè,
Kuwawa pamèr sarira,
Rinengga lan rinagatan,
Tanduk manis pipi alus,
Antuksuka nadyan nistha.
Tandukè pra priya sami,
Minger saking paugeran,
Andhedher daredah wosè,
Wuwusè mung nedya èca,
Corak caruk ing cara,
Clathu tan kena dirungu,
Rusak rasa nilar tata.
Tuwa tuwuh datan tuwi,
Tuna rasa nilar rena,
Namung ana ing rasanè,
Nedya amung tetep mudha,
Mobah ngowah sarira,
Rerakit jatu lan jamu,
Mulat wayah wus sejinah.
Samangkè den sami uning,
Ningali kahanan praja,
Pranatanè sampun sae,
Ěmanè para nayaka,
Kasisip ing tumindhak,
Tumut tutut katut kènyut,
Kèlu samya mètung kala.
Kalanganè dèn lilani,
Nilar arta adu begja,
Bujènng lèlè antuk sèntè,
Sarat nèkat dadi bejat,
Jinawil garwa suta,
Sudi mantuk karo ngamuk,
Ngrasuk upas ngajab tiwas.
Ěwuh aya jroning ati,
Tumut ombyah Wedi gupak,
Kukuh dhèwè kasingkirè,
Nyingkur jaman ora mangan,
Nut mangsa wedi kala,
Lumuh lali luwè luwung,
Unggul rasa tetep tata.
……………………………..
Lurahè luru larah,
Lirang larang dèn larungi,
Carikè cecorèngan cerak carang,
Corak caruk nedya curang,
Bayanè boyong bèya,
Bayayakan weruh baya bayu buyar.
PEMUT WARAH WULANG WELING VI
Sedyaningsun tan mangkur,
Nanging makarya,
A ing aksara panca pancer kanggo ngrasa,
Krasda ing pancadriya ngerti kang sinedya,
Suku tan kanggo mlaku,
Nanging suka ing karana,
KU dudu kuwasa,
Nanging KA ananing karsa,
Sayekti sinisip sandi aksara :
“Rasa utamanira sarana amanis tata”
“Rasa narima sangu ati tama”
Datan nèndra nètra melèk golèkana.
PEMUT WARAH WULANG WELING VII
JAWA NYATA KATATA ANA ANGGA,
WANGUNING PIWULANG KANG DÈN GULANG
JIWANGGA TATA JRONING RASA,
NARIMA ANA ING T ÈKAD NULAD ING PIWULANG,
WAJIB YEKTI TINITAH JAWI,
AMEPER KRIDAWA DENING PAKARTI KANG KEBAK,'
NATA RASA NISITA SIRNA ING JALMI,
KANG NGERTI WERDI (NISITA, NISTHA…?),
RASUKNA DRIYA DIM ÈN PANA,
SANGU ÈLING WENING YEKT ÈNANA,
WIBAWA SANYATA ANA RAGA,
NAWUR KARYA NGILANGNA WUWUS,
DINADAR RENCANA KAPALANG RUB ÈDA IKU MESTHI,
ING TEKAD DISANTOSA PUGUH ING TATA,
WERUH YEKTI TAN GAMPIL JALMI TINITAH,
DIANGGEP ING WAJIB DIMÈN DADI YEKTI JALMI.
Cathetan :
Sandi aksara lampah mangandap.
Kiwa : JAWA JINARWA ANA RASA WINADI ING WERDI.
Sandi aksara lampah mangandap.
Tengen :
ANGGA GULANG RASA PIWULANG JAWI
KEBAK WERDI PANA ANA RAGA WUS MESTHI
TATA TINITAH JALMI.
PEMUT WARAH WULANG WELING VIII
P a n g k u r
## 01 ##
Yèn wus samekta ing tekad,
Temen gulang kawruh kang dèn tampi,
Tindakna ing wayah èsuk,
Suku sila katata,
Tinarika napas krana lon lumebu,
Lerem jaja sawetara,
Wedalnya kanthi lon titi.
## 02 ##
Tetep tata laku napas,
Nilar wedal sak tabuh kanggo nggladhi,
Ngajab manggih daya luhup,
Lumebet jroning angga,
Gawa segering pana ing kalbu,
Kanthi patrap kang tumata,
Tamtu manggih daya luwih.
## 03 ##
Luwar saka padhang surya,
Surup wedalipun kanggè nggladhi,
Anggulang karna king tembung,
Titrisa saking swara,
Srana milih swara siji kang dèn rungu,
Rungokna kang kanthi cetha,
Cepet nora tamtu tampi.
## 04 ##
Tan nilak kang Ma Kawasa,
Satuhu netepi ing pamuji,
Jinarwa werdining kawruh,
Karana sedya tama,
Makarti pakarti saking pra luhur,
Huripè kanggo tuladha,
Tumandukè sarwa tami.
PEMUT WARAH WULANG WELING IX
Tundhonè tandhon katandukan tindak titi,
Titinè pamawas kanthi tetep titi tata napas,
Ngolah ngelih bakal luwih,
Ngolah ngalih tan pinanggih,
Ngelih ngalih tan pinilih,
Ngalih ngolah ngelih pinanggih pinilih luwih.
PEMUT WARAH WULANG WELING X
Rasa nyata tinarbuka,
Nalar mekar kababar,
Yè ta weruh durung jumbuh,
Yèn ta ngerti kurang tiniti,
Katon amung durung maton,
Makarti ing pakarti kudu titi ing werdi,
Weruha kang sanyata,
Tinemunè jodho tibanè pati tekanè rejeki,
Rinegem ing werdi kasimpen ing wadi,
Disedyaa yèn ana amung gaduk tuna,
Tan disedya yèn teka tan kurang marga,
Caranè jalmi amung ana ing pambudi,
Panampaning rejeki kang dèn tampi,
Tan njalari rasaning nistha angga,
Angrasaa nistha yèn murih pamrih ing karsa,
Karana dudu talang kang aparing tirta,
Ananging mendhung gegana kang tumiba,
Tumimbal bali wus pinesti,
Tibaning udan yekti warata,
Amung pambudi, pangruti,
Panampi kan tan sami,
Mila tumatane titah tan sami ing tatanan,
Tetepa puguh gulang kaweruh,
Kanthi sithik mletik dadi mèlik,
Mèlu tuhu tamtu hayu,
Yekti akèh wadi kang tan kawedènan,
Kuwasanè manungsa kadya,
Tètèsing tirta ing samodra kang tanpa wates,
Waspaning nètra nora kanggo ngrasa nistha,
Nanging waspaning batin kanggo,
Landhesing prihatin,
Titia tata ing tatanan tama,
Makartia ing pakarti kang aji.
PEMUT WARAH WULANG WELING XI
Dhandhanggula
## 01 ##
Pratelanè anampi ing gisik,
Ginanjar kaweruh mring Jeng Sunan,
Sumurupa ing welingè,
Werdinèbaital makmur,
Mungguh kang dèn waler mung siji,
Ja padha dhahar otak,
Otak amung semu,
Satemenè kang dèn karsa,
Karengkuha pikir ja tilar utami,
Mikira kang utama.
## 02 ##
Otak nggonè paremenan yekti,
Tuhu nglimputi mosik lan mobah,
Bawa rasa mring nètranè,
Èndah nyata kang dinulu,
Lèsang yèn ngucap kang utami,
Mireng tama ing karna,
Katitia ing ambu,
Ambuwang ganda kang ala,
Lamun pakarti ki sami dèn lampahi,
Linuput king rubèda.
## 03 ##
Rumasuk rasa titi ing werdi,
Wedharipun baital muharam,
Anyirik iwak jrohanè,
Jrohan kang satuhu dudu, dat nya sewakanè ing ati,
Ati anglimputi rasa,
Sedya cipta iku,
Kuwat ngrasa kang prayoga,
Gawè sedya kang migunani sasami,
Samya nyipta kang tama.
## 04 ##
Manèh wewalerè Sunan Kali,
Kasirika ulam pelanangan,
Papan pasucen wedharè,
Werdine ingkang satuhu,
Huriping sahwat kang samesthi,
Tan ngumbar harda suka,
Sukèng murih hayu,
Yekti ngajèni wanita,
Tetepè baitul mukadas ing uni,
Nedya tata tinitah.
PEMUT WARAH WULANG WELING XII
P a n g k u r
@@ 01 @@
Wruhanira kang sanyata,
Nyata kawruh kan dèn esti pra Wali,
Walaka sami ing tembung,
Mbabar lampahing nyawa,
Nyawijèkna ing karti ngerti ing tuduh,
Turut tan susup ing lampah,
Lamun bali mring Hyang Widi.
@@ 02 @@
Wijang mring sapta,
Sarta mangerti marang pitung kori,
Rinegema alam pitu,
Tumanduk dèn prayitna,
Pratitisa samekta tata ing laku,
Lali lampah dalan lana,
Namung rubèda wus mesti.
@@ 03 @@
Titi uning ing kawitan,
Wiwitanè saka pagelangan sikil,
Suminggah rasanè bayu,
Ya king lawang mukadas,
Muntakir segara nasir alamipun,
Lampahnya sareng ing napas,
Napak sami ing alam dwi.
@@ 04 @@
Dwi alam nggon lawang upas,
Pasebanè nyawa ing alam assin,
Ananing ing jejengku,
Segaranè istigrak,
Tinilarè alam dwi minggah mandhuwur,
Mandeg ing alam katiga,
Titisa amanggih kori.
@@ 05 @@
Kang aranè kori lepas,
Lenggahnya ana kebokongè jalmi,
Miderè ing alam nasut,
Sumiyak ing lelayar,
Layar budi angin napas anempuh,
Nempuh segara istikna,
Ati minangka kemudi.
@@ 06 @@
Dèn tilar alam katiga,
Karsa minggah maring alam kang inggil,
Ing arannya alam lahut,
Lawang kang kaping kapat,
Kapratèlanè arasi namanipun,
Puser dados palereman,
Maripat segara yekti.
@@ 07 @@
Lakunè nyawa ing telak,
Temenè segara pana kaksi,
Kantia titi ing laku,
Lawang arih kang ana,
Alamè arwah kang kaambah satuhu,
Satemah tataa nyawa,
Nyawijèkaken ing widi.
@@ 08 @@
Wis nèng alam palindungan,
Papanè nyawa ing segara tokhid,
Teteping baital makmur,
Munggah nyawa kaping sat,
Satemenè kori jumirah dèn dulu,
Luhurna jatining rasa,
Satemah ngerti ing werdi.
@@ 09 @@
Wekasè kori pamungkas,
Panggonan kaluhuran kang sejati,
Juminten kori kapitu,
Kaca segaranya,
Nyawa nilar raga suwan ing pangayun,
Panggiha kang murbèng gesang,
Gelaring urip wus titi.
@@ 10 @@
Titisa gulang piwulang,
Pamelengna rasa ngertya weling,
Wedaring werdi kang tuhu,
Ngupaya marganing nyawa,
Wajib pada mangertèni nadyan durung,
Dumadi pati wus nyata,
Tan bingung yèn tinimbali.
PEMUT WARAH WULANG WELING XIII
Rasukè rasukan agawè rasa risi,
Rusakè rasa agawè rusek lan rusuh,
Kusemè karsa yèn kèrem ing karemenan,
Karegema karsa rinasukan rasa,
Rasa resik karsa utama dadi prayoganing karya,
Rena ing karya aja lena ing rasa,
Kukuh pangrengkuh puguh panggayuh,
Kuat ing tèkad agung mupangat.
PEMUT WARAH WULANG WELING XIV
UKARANÈ WUS KATATA ING CARA,
CARIKANÈ CETA CINARUK ING CARITA,
TETEPING TÈKAD AGAWÈ MUPANGAT,
NGADI KARYA KANG ADI GUNA,
GULANG PIWULANG GELUNG ING MENDHUNG,
MENDHEM NISTHA NANDUR UTAMA,
TEMÈNGÈ BUDAYA BÈNTÈNGÈ PRAJA,
PRAYOGA MÈLU NETEPI DARMA,
MANGERTI KARTI TINITAH JALMI,
JUMBUH ING KAWRUH JEMBAR ING PAMAWAS,
PANEDYA UTAMA TAN LUPUT RUBÈDA,
AMBÈDANG AMBENDUNG ANGRIBETI,
TINILAR UJAR KAWUWUS ING KUKUS,
KUWATA LAMUN ANAMPI IKI,
KIYASING SAMI WOLAK WALIKING DHUWIT,
DUNUNGÈ PADA DAPURÈ BÈDA.
BÈDA ANGGONÈ PADA ENGGONÈ,
ENGGIH UNIKA PAKARTI ALA LAN BECIK,
BEBASAN ANA SEDYA BECIK ING KONO,
SEDYA ALA TEKA,
TETEPA TITI TATA ING RASA,
SATUHU NIAT AKANTI TEKAD,
TEPAKNA LANGKAH JRONING JUMANGKAH,
JURANG JERO SINAPU MARUTA,
AJA WEDI SWARA KANG TANPA WERDI,
WERUHA SAYEKTINÈ DRANA,
NADYAN TANPA ARTA BISA UGA,
GAGAHING RAGA GIGITING ANGGIT UKARA TAMA,
TUTURING TUTUK DADI SARANA,
SAMEKTAKNA GELAR AMBABAR AJAR,
JARWANÈ JAWA JINARWA NYATA,
NYATA JALMA WERUH ING RASA,
RASA KUAT AGUNG MUPANGAT.
PEMUT WARAH WULANG WELING XV
Mular mulur maleri wewaler,
Lirak lirik nglarik mèlik,
Mulat melat malati welat,
Weruh masuh nedya ngisruh,
Nginang tan abang golèk menang,
Weruh werdi kanggo jati,
Aji ajag ajangè aju,
Julung pulung amung nimbrung,
Nimbrung gowang menthang wenang,
Weruh alur ngluru larah,
Nglarabsawab dasar musabab,
Babar bubur mblabar aju.
Ajèr rasa tan kuwasa,
Kuwatnya kawelat ing walat,
Warana wewèka winenga wangkin,
Wangkè tali tinilar sami,
Samya metuk titinè kethuk,
Kalantur atur mingkur tutur,
Tumenga luhur rumangsa nandur,
Nanding mitra nyanding rasa,
Rasa mèlik malah kuwalik.
PEMUT WARAH WULANG WELING XVI
Telas tales tilar tilas,
Tilas talang tilar teles,
Telung taler tolèh talang,
Tumalung tulung tiling taling,
Tulus taler tinulung teleng,
Taler telu tolèh tilas,
Tilas teles tilar talu,
Tilap talup tolak talak,
Tumalung tulus tinulung tilas.
PEMUT WARAH WULANG WELING XVII
Yèn dirasa wus mesthi krasa
Yèn diteliti wus mesthi ngerti,
Yèn dinalar wus tan samar,
Sayektinè iku ora wigati,
Gatèjna apa kang dèn tampa,
Tan guna ngrasa kang ngukara,
Karana ukaranè kang kudu dèn rasa,
Sandyan sudra kang ngukara,
Yèn ta utama luwih aji,
Atimbang sabda raja kang murah tata,
Tetepa tata olah ing rasa,
Satemah mahanani jiwangganira,
Awasing rasa sayekti ngungkuli sèwu nètra,
Tyang wuta tan klèru neda,
Lakuning asta tan bakal mlebu ing grana,
Nadyan nètra ora ana,
Awasing rasa kanggo sarana,
Aja kagubel ing anggit,
Mundhak karèka ing sanggit.
Sangunè olah rasa kanthi meneping driya,
Lugu lugas lega lan legawa,
Wani lugas lega lan legawa,
Wani wawuh jumbuh bakal tuwuh.
PEMUT WARAH WULANG WELING XVIII
P a n g k u r
@@ 01 @@
Kawuwus wawas ing lampah,
Lamus wus laku kwata nandang coba,
Bisanè pikantuk unggul,
Uger ngerti ing tata,
Tatananè uwis tinata ing atur,
Katutur dèn èlinga,
Enepna sajroning batin.
@@ 02 @@
Kang kawitan rasa pasrah,
Srawung ing batin tan tilar ing wajib,
Wajib sedya ati luhung,
Lubèr ing pangapura,
Becik ing sami titah pinangka rabuk,
Rasa rena ragem ing tyang,
Tan ngrasa rumansa becik.
@@ 03 @@
Rumangsa luput lan nistha,
Dimèn pinaringan gung pangaksami,
Panelangsa kang dèn langkung,
Longgarna rasanira,
Rasa ngrangsang kabuwang kanti manungku,
Mawas awas jroning karya,
Karegem rena dènling.
@@ 04 @@
Èling marang kang kawasa,
Geniara dadi laku,
Kuat ngrungu ing swara,
Banyuara nadyan anut datan katut,
Kapendem beciking nala,
Lakuning ngluwat wus mesti.
@@ 05 @@
Sagaduking rasa nampa,
Patrapna ing laku mesti ndayani,
Nilara rasaning ragu,
Nggugaha kasantosan,
Sanitiyasa pinrihatin nilar nafsu,
Neter santosaning rasa,
Satria jiwangga dadi.
PEMUT WARAH WULANG WELING XIX
KADUK KENDEL KUDHUNG KADANG,
KADANG KONDHANG KEDHUNG KIDUNG,
KIDUNG KANDUT KENDIL KANDHI,
KEDAL KANDHI KENDIH KENDHI,
KADHUNG KORDA KENDIT KENDHANG,
KEDHUK KADHUK KADEK KADANG,
KADYA KONDHANG KENDHANG KADANG,
KEDAL KUDHUNG KENDHIT KANDHI,
KANDEL KANDHI KADHUNG KONDHANG,
KANDHI KENDIH KIDUNG KENDHANG,
TEPUNG TAPA TAMPI TAPAK,
TEPIS TAPIH TANPA TUMPAL,
TUMPENG TUMPUK TEPIS TUMPES,
TAMI TEPUNG TEPAK TEPA,
TEPAK TAMI TAMPI TEPUNG,
TAPEL TAMI TEPAK TUMPENG,
KENDEL KANDEL KANDHI TEPIS TAPAK TAPA.
PEMUT WARAH WULANG WELING XX
Kemul kamulyan karimuk kamuktèn,
Karegem karemenan nala tan lana,
Nalisir nalusur pakarti kang sasar,
Uripè amung ngalap ing karopyan,
Karopyak ing ompak,
Karenan kang gawa lèna lan nistha,
Tangèh bisa mangrèh mangun yuwana praja,
Jaja tan jajag, jejeg tan ajeg,
Nolèh nedya olèh mantuk nedya antuk,
Antepè yèn antuk pengarep,
Ngrakit wuwu dimèn kawuwuhan,
Wuwusè tan waton amung waton wuwus,
Wawasè amung kebak ampas,
Ambegè kadya ambeng tumpeng,
Tumpak tapak tepis tapih,
Tepung durung tepak turas.
Tuwuh tawas tiwas tinitah,
Titipan sayekti kang dèn sandhang,
Sandhungè yèn ta hangrasa duwèni,
Wuwuh luluh hangengkoki,
Handela mring jiwangga nira,
Beja tinitah turasing luhung,
Urip ngaup ing wibawa kagawa prabawa luhung,
Unggahna rasa aja ngrasa yèn luhur,
Lamun durung bisa napak lan nepakè kaluhuran,
Hurip satuhu tan undur,
Uninga aja nyawang gumilange luhur,
Luluha ing pitakon mring pribadi,
Sapa lan apa kang wus dèn karya,
Kala tan kikis ing mangsa.,
Mangsa mangsanè kala,
Kala mangsa bisa ana.
PEMUT WARAH WULANG WELING XXI
P a n g k u r
^^ 01 ^^
Èwuh luluh yèn dèn rasa,
Rasukaning tutur katutur wayah siwi,
Suwung rasa jroning kalbu,
Karana rebut rena,
Karèka paèka nistha kang dèn dulu,
Luhurè satriya sirna,
Nalisir tapaking aji.
^^ 02 ^^
Jinarwa wus kaukara,
Krana welas kena walating Widi,
Wengkana korining kalbu,
Lumebu wulang tama,
Tumama maring angga kang arsa ngrungu,
Ngupaya raharja angga,
Anggonen piguna yekti.
^^ 03 ^^
Dermaning darma wus nyata,
Nyawiskè angga anggelung drubeksi,
Dredah sami rebut luhung,
Lubèr donya ing karsa,
Sakmurwatnya nedya tentreming prajamu,
Jer sira amung sarana,
Netepi darmaning jalmi.
^^ 04 ^^
Miyarsakna kang sanyata,
Nyata katata lan singsid widi,
Wedal wedal wus winantu,
Wijangè tan kagrayang,
Kantia tetep tata ing wulang luhur,
Uripira nguripana,
Anapak turasing aji.
PEMUT WARAH WULANG WELING KGPAA MANGKUNAGORO IV TUMRAP CANGGAH DALEM R.Ay. HILMIYAH DARMAWAN PONCOWOLO , LUMANTAR BAMBANG SUPARMANTO, KAWEDALAKEN : ING SURAKARTA KEMIS KLIWON, 28 OKTOBER 1993.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar